Ayo Do Ngurangi Nonton Televisi - Lirik Syiir Kebo Sapi Habib Syech
Cari Berita

Advertisement

Ayo Do Ngurangi Nonton Televisi - Lirik Syiir Kebo Sapi Habib Syech

Kamis, 09 Januari 2020
Download Ngaji Gus Baha

Flashdisk Ebook Islami
lirik syiir kebo sapi habib syech
Ilustrasi lirik syiiran Kebo Sapi - Ayo Do Ngurangi Nonton Televisi.

Dutaislam.com - Di bawah ini adalah lirik syiir Jawa yang dipopulerkan oleh Habib Syech bin Abdul Qadir berjudul Ayo Do Ngurangi Nonton Televisi.

- Ngurangi Nonton Televisi - 


Ayo do ngurangi, nonton televisi
Timbang nonton TV, luwih becik ngaji
Ahbabul Musthofa, wadah kanggo ngaji
Kumpul poro habaib, lan poro kiai

Ayo bareng-bareng, mangkat pengajian
Kanthi ati seneng, arep sholawatan
Ngajak tonggo-tonggo, nganakne rombongan
Colt brondol di sewo, urun mangewunan

Klambine you can see, utowo press body
Mbuka aurote, ora duwe wedi
Ngono kuwi podo, karo mbuka wadi
Bakal nerimo sikso, mbesuk yen wis mati

Lanang knro wadon, podo keluyuran
Pamit nang wong tuo jare pengajian
Ing nyatane malah do pacar-pacaran
Budal soko ngajt, do...bonceng-boncengan

Lanang karo wadon manggon sepi-sepi
Nyanding senggal-scnggol koyo kebo sapi
Ngono kuwi duso nurut poro nabi
Ojo diterusno yen durung dirabi

Akeh bocah podo matur Tahlilan bid'ah
Akeh bocah podo matur Yasinan bid'ah
Bapak ibu ora jawab sebabe susah
Durung - durung anak iki kok ora genah

Akeh mantu podho matur sholawatan duso
Akeh mantu podho matur wiridan duso
Moro tuo ora jawab sebabe kroso
Durung-durung mantu iki ternyata loro

Sholat limang wektu, ayo podo njogo
Jama'ah ing masjid, bareng sak kelunrgo
Urip kroso enteng naliko ing dunyo
Ganjarane gede manggon ing suwargo

Yen sholat kesusu ora biso pemah
Ruku' lan sujude, ditoto sing nggenah
Sing khusyu' lan khudhur, ugo tuma'ninah
Ngerteni sing wajib, lan ngerti sing sunnah

Yen kahanan longgar, mikirno tonggone
Mikihng butuhe. sing anggo blanjane
Sajak perlu utang, enggal dipahngne
Nanging ojo nqanti, njaluk anak-ane


Demikian teks syiir Jawa Ngurangi Nonton Televisi oleh Habib Syech. Baca teks lain: Teks Syiir Repote Dadi Wong Tani (Habib Syech). [dutaislam.com/ab]

Jual Kacamata Minus

close
Iklan Flashdisk Kitab 32 GB