![]() |
Ilustrasi lagu syiir Jawa Gesang Istiqomah. |
Dutaislam.com - Berikut ini adalah teks syiir Bahasa Jawa yang populer di masyarakat pedesaan Jawa zaman dahulu.
Ya Alloh Gusti kita nyuwun saget gesang istiqomah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun mbenjang pejah khusnul qotimah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun pinaringan ilmu manfaat
Kangge ibadah lan tho'at nindaaken hukum syari'at
Ya Alloh Gusti kita nyuwun pinaringan panjang umur
Kangge ibadah lan syukur ndunya akhirat sageta makmur
Ya Alloh Gusti kita nyuwun anak sholeh kang gelem ndunga
Manut syari'ate agama tuntunane wali sanga
Ya Alloh Gusti kita nyuwun rizki agung halal barokah
Kangge jariyah shodaqoh kangge ziarah medinah mekkah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun dadi wong sugih kang gelem zakat
Ngedalaken bandha kanti mufakat ugi mbantu masyarakat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun ridho iklash shobar manah
Tentrem ayem tumakninah ngibadahe saget genah
Ya Alloh Gusti kita nyuwun pinaringan bening ing fikir
Kangge maca qur'an lan dzikir nafsu syetan sageta nyingkir
Ya Alloh Gusti kita nyuwun saget khusyu' nalika sholat
Awal wektu ampun telatndunya akhirat mundak kuwalat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun dadi anak kang ahli bekti
Bapak ibu ingkang ngrumati andidik mimpin kanti setiti
Ya Alloh Gusti kita nyuwun saget netepi wajibe pasa
Syarat rukun saget ngreksa dadi sebabe lebure dosa
Ya Alloh Gusti kita nyuwun badan sehat wal afiat
Amal sholeh saget giyat lan ngedohi laku maksiyat
Ya Alloh Gusti kita nyuwun enggal gampang haji lan umroh
Sangi thowaf lan mbalang jumroh dateng roudhoh saget ziaroh
Ya Alloh Gusti kita nyuwun ampun ngantos kekirangan
Mugia cukup sandang pangan kangge sangu perjuangan
Ya Alloh Gusti kita nyuwun slamet saking fitnah ancaman
Lahir batin sageta aman ngantos mbenjang akhir zaman
Ya Alloh Gusti kita nyuwun mugia para anak lan putu
Ngamal sholeh tulung bantu saget guyub rukun bersatu
Ya Alloh Gusti kita nyuwun "izzal islam wal muslimin
Ya alloh waahlikil kafarota wadz dzoolimin
Ya Alloh Gusti kita nyuwun Slamet mbenjang wonten ing kubur
Gusti Alloh kang sifat Ghofur dosa kita kersaha nglebur
Ya Alloh Gusti kita nyuwun slamet mbenjang diunten kiyamat
Klebet umat nabi muhammad nampi syafaat rohmat lan nikmat
Aamiin aamiin aamiin aamiin Ya Alloh Robbal 'aalamiin
Aamiin aamiin aamiin aamiin wayaa mujiibassaailiin
[dutaislam.com/ab]
