Syi'iran Gus Mus :
Duh poro ikhwan ayo do iman
ojo do lali maring pengeran.
Ono ing ndunyo ibadah sing tenan
ibadah sholat ugo wiridan
Duh poro ikhwan kang sami iman
ayo kang yakin takdir pengeran
Kang paring rohmat lan kecukupan
urip ing ndunyo rukun lan aman
Syarat lan niat kudu kang tepat
yakin lan mantep laku syari’at
Ibadah wajib ugo kang sunnat
supados kito angsal syafa’at
Duh ikhwan muslim ugi muslimat
kang aqil baligh ayo do baiat
Supoyo dzikir di duwe sanat
sambung robite Nabi Muhammad
Yen baiat kudu ing mursyid aji
sanate sambung teng kanjeng Nabi
Silsilah dadi tekene ati
oleh barokah padange ati
Ayem atine jek pribadine
maksud ilallah ing pikirane
Istiqomah ngajo khususiyahe
dzikir lan suluk ra dilalek’ke
Roso manfa’at ing usahane
sitik lan akeh nriman atine
Dunyone subur makmur akhirate
tentrem awak’e sak kluargane
Tulis lan moco iku syari’at
lakune amal iku tarekat
Rasane amal iku hakekat
ikhsan dumunung temu ma’rifat
Amin Ya Allah mugi manfa’at
sedoyo amal pikantuk berkat
Nikmat ing ndunyo ugi akhirat
metu nyawane khusnul khotimah
Source: KBAswaja
