Do'a di Makam Rasulullah Muhammad Menurut KH Sholeh Darat
Cari Berita

Advertisement

Do'a di Makam Rasulullah Muhammad Menurut KH Sholeh Darat

Duta Islam #02
Minggu, 12 Agustus 2018
Download Ngaji Gus Baha

Flashdisk Ebook Islami
Pintu makam Rasulullah SAW. Foto: istimewa
Oleh M. Rikza Chamami

DutaIslam.Com - Ya sayyidi ya Rasulallah, sowan kulo ing panjenengan dalem namung fadlu muhung ziyarah panjenengan dalem ngaturaken sedayane doso kulo.

Kulo inggih rumahus selamine gesang kulo dereng waget ngelampahi syari'at dalem. Lan mboten waget ngelampahi perintah dalem. Fardlu kulo nuwun ngapuro ing panjenengan dalem. Keranten pengapurone ingkang maha agung Allah Subhanahu Wata'ala dumateng kulo puniko ngantosi pengapuro dalem dateng kulo.

Ya Rasulallah Shallallahu Alaihi Wasallam panjenengan dalem ingkang katurunan ayat:

ولو انهم اذ ظلموا انفسهم جاؤك فاستغفر الله واستغفر لهم الرسول لوجدوا الله توابا رحيما

Sak puniko kulo saestu sampun dzalim ing awak kulo kiyambak, kelawan ngelampahi pinten-pinten ma'siyat. Sak puniko kulo fardlu sowan ing panjenengan dalem nuwun ngapuro saking doso kulo sedoyo, lan doso Bopo Biyung kulo.

Aduh Gusti Rasulullah, mugi-mugi panjenengan paring syafaat ing kulo. Panjenengan dalem suwunaken ngapuro dateng Pengeran kulo ingkang persifatan Ghafur Rahim Tawwab Rahim.

Aduh Gusti Ya Rasulullah mugi panjenengan imuti kulo mbenjing ing ndalem naza' kulo lan ing ndalem kubur kulo lan ing ndalem mahsyar kulo. Wonteno kerso dalem inget ing kulo paring syafa'at ing ndalem puniko panggonan.

Aduh Gusti Ya Rasulullah, sampun ngantos tuno sowan kulo ing panjenengan dalem, kulo nyuwun pangestu dalem keparingan istiqamah anggen kulo ngelampahi ta'at tumeko pejah kulo.

Aduh Gusti Ya Rasulullah, panjenengan dalem ingkang kulo andalaken lan ingkang kulo cagerakan keranten panjenengan dalem sampung dawuh:

من زار قبري وجبت له شفاعتي

Tegese sopo-sopo wonge ziyarah marang kubur ingsun moko wajib syafaat ingsung marang wong iku.

Sak punikl kulo sampun sowan sowan ziarah dateng panjenengan dalem. Muhung neja ziarah dateng panjenengan, keranten nuwun keridlaan panjenengan lan nuwun syafaat panjenengan.

Aduh Gusti Ya Rasulullah, mugi panjenengan emuti kulo mbenjinh ing ndalem mahsyar lan ing ndalem kubur.

Aduh Gusti Ya Rasulullah, panjenengan dalem Ibu Bopo kulo ingkang kulo cawisaken mbenjing wonten ing mahsyar. Keranten panjenengan dalem sampung dawuh:

انا فرط لامتي

Ana dene ingsun iku cawisan lan sedaya ingkang dehe keduwe umat ingsun peranti nulungi lan peranti aweh syafaat marang umat ingsun ingkang teko kari sawuse ingsun.

Milo sak puniko panjengan dalem ingkang kulo cawisaken sediyan ngrumiyini kulo supados kulo wilujeng saking ahwal yaumil qiyamah.

اشهد ان لا اله الا الله
واشهد ان محمدا رسول الله

Aduh Gusti Ya Rasulullah, estu kulo sampun anekseni kelawan yakin innahu la ilaha illallah. Lan anekseni kulo setuhune panjenengan dalem puniko dados utusane Allah Subhanahu Wata'ala.

Ya Rasulullah, mugu panjenengan dalem sekseni syahadat kulo puniko. Panjenengan sekseni biannana muslimun, setuhune kulo estu Islam.

Lan estu-estu ngimanaken kelawan estu Ya Rasulullah mugi panjenengan dalem tetepaken syahadat kulo puniko nalikane bade pejah kulo. Lan nalikane wonten ing kubur kulo lan nalikane wonten siratal mustaqim kelawan wilujeng selamet kelawan barokah pangestu panjenengan dalem. [dutaislam.com/gg]

Keterangan: ditulis oleh M. Rikza Chamami di Makam Rasululallah, Masjid Nabawi Madinah Munawwarah, Jum'at, 19 Januari 2018.

Jual Kacamata Minus

close
Iklan Flashdisk Kitab 32 GB